Ibu..........
Sampeyan pahlawan uripku
Sampeyan pertarohne jiwa lan ragamu kanggo aku
sampeyan nglaherne aku karo semangat lan tekat
Aku bangga karo kowe ibu
Sampeyan wenehi aku asi kang suci
Kanggo kasehatanku
Sampeyan wenehi aku kapinteran
Kanggo masa depan ku
Aku bangga karo kowe ibu
Kenjeran-Tugu pahlawan
BalasHapusWedhi putih kang tumemplek ing lathimu
Sapa sing mesthi mbok antu,nimas?
Apa ombak kang isih katrem ing Bangkalan
Apa camar sing sesautan sadhuwuring layar
Banjur ing dhadhamu
Kelakone pandhemen katresnan pacah
Dhek semono
NALIKA SEPI
BalasHapusPasuryamu sing bening
tumiba ing banyu mili turut plentheking surya
Saya suwe tan saya adoh
Ninggalake sepi tan ana sabawa gumrisiking alang-alang
Aku mung bisa nyawang
Pasuryamu sing kagawa banyu mili turut kali
Nganti dalan katon kasaput pedut
AKU
BalasHapusAku uduk srengenge
Sing nyinari saben dino
Aku ya uduk bulan apa bintang
Sing ana saben wengi
Aku uga ya uduk udan
Sing tekane dienteni saben wong
Aku ora iso kayak godhong
Sing nglengkapi saben wit-witan
Nangin aku pengen kayak angin
Sing mestin ana kanggo wong liya
Lan mesti duweni manfaat
Sing dadi unsur utama umat manungsa
Yen ora ana angin
apa sing dienggo ambekan
Kabeh makhluk sing urip
Roso lara sak jeroning ati iki,
BalasHapusNaliko kelingan sliramu
Tansah mesem lambe iki naliko kelingan esem sliramu,
Ati iki ora bisa ngapusi,
Mung sliramu ingkang tak anti",
Mung sliramu ingkang tak kangeni,
Duucd widadariku maburo mbalek menclok ning atiku,
Obatono ati ingkang cacat iki,
pak tani
BalasHapusWayah esuk budhal menyang sawah
Karo pacul neng pundhakmu
Kowe ora ndhuwe rasa kesel
Rasa iku mau bisa ilang,
Mergo nyawang endahing tetanduran
Karo ramene suarane manuk miber
Pak tani........
Awakmu sabar banget
Ngrawat tetandhuran kanthi rasa bungah
Saka nebarake winih,
Lan uga ngenteni panene.
elingo poro konco
BalasHapusing donyo mong sedelo
tingkah laku jo sembrono
elingo sikso neroko
GURU
BalasHapusWarna biru warnane kelabu
Dadi guru kudu iso ditiru
Kali wungu kota’ne santri
Dasi guru kudu sing mukti